Tuesday, November 26, 2013

Dongeng Bahasa Jawa - Kancil Lan Baya

Kancil Lan Baya


dongeng anak-anak kancil

Kancil wis bisa ngapusi macan ing jenang dodol karo sabuk. Mula anggone lumayu sipat kuping. Kuwatir menawa bisa katututan ing pangoyaking macan. Ambekane krenggosan, awake gumeter, raine pucet.

Dumadakan playune kandheg ing kali gedhe kang banjir, apa maneh wayahe wis surup lan isih udan deres. Kancil arep nyabrang ora wani, klintar-klinter golek dalan ora ana, arep nyabrang ora wani, amarga kaline amba lan banyune santer. Banjur linggih thenger-thenger karo mikir golek akal supaya bisa nyabrang.

Dumadakan ana baya mathungul karo kandha “Lha kebeneran kowe cil, Wis suwe kore dak arep-arep. Kowe mesthi dak caplok saiki, mergo kowe ngapusi aku”.

Kancil mangsuli kanti sareh:
“O, Baya! Sarehna dhisik olehmu arep nyaplok aku! Ngertia tekaku mrene iku diutus dening kanjeng Nabi Sulaeman ratuning jagad. Aku didawuhi nacahake pira kehe baya utawa bajul sing manggon ana kali iki. Kowe sakancamu arep diganjar daging nyetenggok. Mula kanca-kancamu undangen kabeh aja ana kang keri. Kabeh konen jejer-jejer saka pinggir kene tekan pinggir kana, kareben gampang anggonku ngetung”.

Load disqus comments

0 comments